Lirik Sapu Tangan
Lirik Sapu Tangan
Lirik Sapu Tangan
Artis : Safitri

Iki sapu tanganmu gondo arum kanggo pepelingku
Kembang mlathi mung sawiji tur dadi ati rino lan wengi
Tak puja-puji gunane dadi tombone brontone
Yo iye iya iye

Nadyan adoh yen kadulu nanging caket jroning ati
Wohing aren selo ageng ngejur potro
Mbok yo eling prasetyamu sepisanan
Gilo iki sapu tanganmu tansah dadi tali katresnanku
Terong alit mung siro tak anti-anti

Lirik Kangen Rindu
Lirik Kangen Rindu

Lirik Kangen Rindu
Artis : Safitri

Kaya ngene duh rasane wong yen lagi nandhang kasmaran
Rina wengi tansah kelingan ing ati
Rasa bungah yen wis tumeka ing janji
Ati susah dadi ayem rasa panas dadi adem
Pethuk sanetra ati wis krasa marem
Ngguya ngguyu mesam mesem ati tentrem
Yen ra ketemu seminggu rasane sewindu

Rindu kangenku banget mawantu wantu
Kerepe ati tansah pengin cecaketan
Duh wong bagus sumpah mati aku rindu
Apa ra pirsa mas (mbuh ra weruh)
Apa ra pirsa mas (mbuh-mbuh ra ngerti)

Lirik Cinta Tak Terpisahkan
Lirik Cinta Tak Terpisahkan

Lirik Cinta Tak Terpisahkan
Artis : Cak Diqin feat Safitri

pa:
Duh Denok gandulani ati
Tegane nyulayani
Janjimu sehidup semati
Amung ono ing lati
Rasa sayangmu sudah pergi
Tak menghiraukan aku lagi
Duh Denok gandOlani ati
Tegane nyulayani

pi:
Duh kangmas jane aku tresno
Lilakno aku lungo
Ati ra kuat nandang roso
Roso keronto-ronto
Cintamu sudah nggak beneran
Aku cuma buat mainan
Duh kangmas jane aku tresno
Lilakno aku lungo

pa:
Tresno iki dudu mung dolanan
Kabeh mau amergo kahanan
Sing tak jaluk among kesabaran
Mugi Allah paring kasembadan

pi:
Mung ngedem atiku, ben aku ra mlayu
Dan tanggung jawabmu, iku palsu

pa:
Denok aku cinta beneran
Pastikan ku buktikan
Bapak ibuku akan datang
Melamar dikau saying

pi:
Hatiku selalu mendoakan
Semoga Tuhan mengabulkan

pa & pi:
Cinta kita tak terpisahkan
Walau di akhir jaman

pa & pi:
Cinta kita tak terpisahkan
Walau di akhir jaman
Cinta kita tak terpisahkan
Walau di akhir jaman

Lirik Blebes
Lirik Blebes

Lirik Blebes
Artis : Savitri feat Tomi


Pa:
Dik, sakjak’e kok ono perlu
Isih, esuk wis tangeke aku
Ning, tanganmu kok nggowo palu
Opo to, sing rusak dipanku

Pi:
Wis, kowe ra usah suloyo
Dek, bengi metu karo sopo
Neng, klambimu lipstike sopo
Yen dudu, bocah wadon liyo..

Pa:
Dek bengi aku ora neng endi-endi,
Malah aku njaluk tulung dikeroki,
Pirang-pirang dino ora mbok turuti,
Rasane gegerku koyo disunduki


Pi:
Wong wadon ngendi sing bakal kuat ati,
Klumprak-klumpruk bendino makani tinggi,
Njolak-njaluk ning blanjane ora mesti,
Opo aku arep mbok pakani wedhi

Pi: Wis ndang nyingkir nyingkir nyingkir nyingkir
Pa: Emoh, Dik
Pi: Yen ngono aku ae sing nyingkir nyingkir
Pa: Ojo dik, Aku masih cinta padamu
My Darling I Love You
Pi: Wis ndang nyingkir nyingkir nyingkir nyingkir
Pa: Emoh, Dik
Pi: Yen ngono aku ae sing nyingkir nyingkir
Pa: Ojo dik, Aku masih cinta padamu
My Darling I Love You