Lirik Tak Eling Eling
Lirik Tak Eling Eling
Lirik Tak Eling Eling
Artis : Manthous

Tak eling eling
Opo sliramu sing nate ketemu
Ing naliko iku
Candik ayu sumunar netramu

Sore kang edi amung esemu
Sing ora nguwati
Nadyan widodari
Kalah endah anyengsemke ati

Semar sabrang
Legog legog ning omah bingung
Jae wono sak upomo
Wiwit iku atiku poyang payingan

Tak eling eling
Pancen sliramu sing mara marai
Mbesok kapan aku
biso nyanding lintang panjerino

Semar sabrang
Legog legog ning omah bingung
Jae wono sak upomo
Wiwit iku atiku poyang payingan

Tak eling eling
Pancen sliramu sing mara marai
Mbesok kapan aku

Lirik Sluman Slumun Slamet
Lirik Sluman Slumun Slamet
Lirik Sluman Slumun Slamet
Artis :  Manthous

Sluman slumun watone slamet
Ngarep arep rejeki aja nganti seret

Pinter srawung tundhone wis mesthi untung
Ora wurung, yen tinulung becike ojo tanggung-tanggung

Sluman slumun sing penting slamet
Eling-eling ro kanca ora perlu njimet

Etung-etung ben sithik watone untung
Modal jujur sing penting sugih sugih sedulur
Sluman slumun slamet dasar wasis lan ubet
Aja samar saben dina wis mesthi ngliwet

Sluman slumun slamet ora dhemen nyimpet
Alah srimpat srimpet tundhone wis mesthi ruwet

Eman jo samar yen ra keduman
Nyasar nyusur wong sabar wis mesthi subur

Lirik Setya Tuhu
Lirik Setya Tuhu
Lirik Setya Tuhu
Artis : Manthous

Bawa Dhandhanggula:
Pamitanku nimas sida asih
Atut runtut tansah reruntungan
Ing sarina lan wengine

Datan ginggang sarambut
Lamun adoh caketing ati
Yen cedhak tansah mulat
Sida asih tuhu

Pindha mimi lan mintuna
Ayo bareng nimas anetepi wajib
Sido asih bebrayan

Langgam:
Aku kang tansah satuhu wit biyen nganti saiki
Bebasane peteng kepapag obor sumunur, antepku
Andhika panganyomanku lahir batinku wus nyata
Mung sajake andhika semune kurang rena

Tandha yekti paseksene rikalane, ngangkat awrat
Mlampah tebih datan lesu, mugi lestariya
Mugyantuk berkahing widhi andhika mung tansah limpat
Panyuwunku setya kula tansah anglam-lami

Lirik Sido Opo Ora
Lirik Sido Opo Ora
Lirik Sido Opo Ora
Artis : Manthous

Pi:
Mas mas sido opo ora mas jo pijer semoyo mas
Aku mengko gelo saben dino aku tansah
Ngenteni ojo ojo sliramu njur mbalik janji

Pa:
Dhik dhik nyebar nyebar godhong koro dhik sabar
Sawetoro dhik kowe cah manis wong kesusu
akehe sing mesthi kleru, sareh dhisik dhik aku
ra bakal mlayu

Pi:
Mbang kecipir mas kembange koro

Pa:
Ojo kuwatir dhik aku ra neko neko

Pi:
Neng magelang mas ojo lali jajane

Pa:
Jo sumelang dijamin tentu dadose

Pi:
Adhem adhem mas kemulan sarung

Pa:
Wis kadhung gelem dhik ra susah bingung bingung

Pi:
Menyang pasar mas kok ora tetuku

Pa:
Ati ra sabar kepingin kage ketemu

Lirik Simpang Lima
Lirik Simpang Lima
Lirik Simpang Lima
Artis : Manthous

Njanur gunung dik malem minggu kok ngalamun
Biasane sore-sore wis diapeli
Mangan timun mangan timun aja dicampur sabun
Timbang nglamun luwih becik ngelipur ati

Malem Minggu dik malem Minggu ayo mlaku-mlaku
Melu aku melu aku neng Simpang Lima
Rame rame rame rame karo kancane
Endahe kutho Semarang wayah wayah sore

(diukir-ukir kayune Jepara ayo ra)
Aja dipikir neng ati dadi lelara
(Sega pecel sate kerang neng Simpang Lima ayo ma)
Tiwas mangkel kebacut ditinggal-tinggal lunga

Lirik Rondho Kempling
Lirik Rondho Kempling
Lirik Rondho Kempling
Artis : Manthous feat Sunyahni

Ndak pundi mbak ayu badhe tindak pundi
Kadiingaren tindak wae ora numpak taksi
Dewekan opo ora wedi
Timbang nganggur kula gelem ngancani

Kleresan mas alias kebetulan
Blanjane kathah rodo kabotan
Yen purun enggal-enggal ngrencangi
Tekan ngomah mangke kula opahi

E e tobil wong legan golek momongan
Niki blonjo napa mbakyu badhe pindahan

Ampun gela mas sampeyan ampun kuciwa
Kula rondho anyaran ditinggal lunga

Awan awan lunga blanja neng pasar pahing
Prawan rondhobagiku ora pati penting

Neng Semarang mas tuku gelang opo anting-anting
Jo sumelang ya ben rondho dijamin kempling

Lirik Pak Rebo
Lirik Pak Rebo
Lirik Pak Rebo
Artis : Manthous

Pak Rebo e e e pak Rebo
Pak Rebo laire dina Kemis
Yen Setu dodolan neng pasar Senen
Slasa Jumat mulih neng pasar Minggu

Ja ngono aja ngono
Ja ngono dadi wong aja lamis
Neng ngarep mesem mantep sajak gelem
Neng mburine ngelek-elek ra karuan

E tuku piring duwite pas-pasan
E sing dha eling urip mung sepisan

Pak Rebo e e e pak Rebo
Pak Rebo laire dina Kemis
Yen Setu dodolan neng pasar Senen
Slasa Jumat mulih neng pasar Minggu

Randha pindho randha ping pindho
Randha pindho aja sok ngaku gadis
Yen lanang nduwe putu ngaku jaka
Neng ndonyane edan rak uwis-uwis

Pak Rebo e e e pak Rebo
Pak Rebo laire dina Kemis
Yen Setu dodolan neng pasar Senen
Slasa Jumat mulih neng pasar Minggu

Duwitmu omahmu bandhamu ora bakal melu
Yen uwis tekan titi wanci kadonyan ora bakal ana tegese

Lirik Parangtritis Manthous
Lirik Parangtritis Manthous

Lirik Parangtritis
Artis : Manthous

Parangtritis wis kondhang kaloka
Papan endah tumrap para wisata
Rame-rame neng gisiking samodra
Aja lali kabeh kadang lan mitra
Monggo monggo aja nganti keri
Suko suko kanggo ngelipur ati

Pro wisata mudho mudhi gembira
Nuswantoro uga monco nagoro
Kabeh wae sing kakung lan sing putri
Parangtritis kae wis nganti-anti
Gunung gunung sinawang katon asri
Wayah sore gawe tentreme ati

E e kae aduh ebo endahe
Nyawang langit katon abang cahyane
Binarung surut lan sirepe surya
Candhik ayu mbabar wijiling dalu

Parangtritis nyoto nyoto ginaris
Wus tunulis dening poro winasis
Peziarah lan ugo poro turis
Nora kendat tindak neng Parangtritis

Lirik Pripun
Lirik Pripun

Lirik Pripun
Artis : Manthous

Janjine pripun, kok ngantos setaun
Kirang langkung ngi-pun
Kulo suwun, ndiko eling mring sedayanipun

Kabare pripun, serat mboten ngintun sanak kakang ndusun
Sedoyo nggih rukun,
Wancine matun poro tani utun

Mbenjang nopo leh wangsul, ampun ngantos disusul
Makne si ponang gundhul
Ulate pun njegadul, pikire modhal madhul
Kono mung kendangan dengkul

Nilarke dusun, kersane kepripun
Soyo tangeh lamun
Lha mbok nggih sampun,
Wonten dusun, gesang sak wontenipun

reff :

Ulate pun njegadul, pikire modhal madhul
Kono mung kendangan dengkul

Nilarke dusun, kersane kepripun
Soyo tangeh lamun
Lha mbok nggih sampun,
Wonten dusun, gesang sak wontenipun

Lirik Putro Nuswantoro
Lirik Putro Nuswantoro

Lirik Putro Nuswantoro
Artis : Manthous

(bowo)
Anakku sing bagus dewe
Besok pinter sekolahe
Yen wis biso nyambut gawe
Kudu mlaku sak mestine

Cup menengo ngger anakku
Ojo pijer nangis wae
Anakku sing bagus dewe
Besok pinter sekolahe

Cup menengo ngger anakku
Sing tansah tak domo domo
Dadiyo satrio tomo
Labuh marang nuso bongso

Enggal menengo anakku
Welaso marang ibumu
Didawuhi kudu nggugu
Biso gawe mareme atiku

Adoh dununge bapakmu
Ngayahi kewajiban luhur
Yen wis rampung mesti kondur
Nuswantoro subur makmur

Enggal menengo anakku
Welaso marang ibumu
Didawuhi kudu nggugu
Biso gawe mareme atiku

Adoh dununge bapakmu
Ngayahi kewajiban luhur
Yen wis rampung mesti kondur
Nuswantoro subur makmur

Lirik Ojo Gawe Gawe
Lirik Ojo Gawe Gawe

Lirik Ojo Gawe Gawe
Artis : Manthous feat Minul

Pi:
Bola bali dikandani
Bolak bali wis diaturi
Mas kok ora digape
Jare ngene, kok malah ngono
Jare ngono, lha kok malah ngene
Mas priye karepe?
Aku ngulon, sampeyan ngetan
Nduwe bojo koyo jethungan
Mas ora karuan
Mbiyen piye saiki kepiye
Sampeyan wis ngerti dewe
Mas ojo gawe-gawe

Pa:
Saben bengi ditinggal lungo
Saben bengi ditinggal lungo
Aduh dek aku dewe’an
Tuku wijen dipangan semut
Turu ijen dirubung lemut
Adu dek sopo-sopo sing tahan

Pi:
Bola bali wis dikandani
bola bali jare wis ngerti
Aduh mas jarene ngerti
Cianjur di Sukabumi
Terlanjur jadi penyanyi
Aduh mas jadi penyanyi

Pi:
Ayo-ayo bebarengan lan ora perlu sujanan
Mas opo gunane
Sing penting podo ngertine ngelingi kuwajibane
Ben tentrem rumah tanggane

Lirik Othok Kowouk
Lirik Othok Kowouk

Lirik Othok Kowouk
Artis : Manthous feat Lilies Diana

Pa :
Othok kowouk othok kowouk kembang rambutan
Ora mothok ora mothok dinggo rebutan
Saben dino ribut eker-ekeran
Jebul ra sumbut ra sumbut jaman anyaran

Enting enting enting enting gulane jowo
Murang muring murang muring gunane opo
Rono salah rene luput ra dadi karepe
Mbuh ra weruh kepiye mengko dadine

Pi : Kembang cipir kembang cipir dironce-ronce
Pa : Tiwas dipikirsing kono mung sak penake
Pi : Mlaku ngetan mlaku ngetan kok bali ngulon
Pa : Tiwas edan wis edan ora kelakon

Pa :
Othok kowouk othok kowouk kembang rambutan
Ora mothok ora mothok dinggo rebutan
Maju tatu yen mundur kok tambah ancur
Piipun kePiiben minta ampun ketiban amben

Pi : Kembang cipir kembang cipir dironce-ronce
Pa : Tiwas dipikirsing kono mung sak penake
Pi : Mlaku ngetan mlaku ngetan kok bali ngulon
Pa : Tiwas edan wis edan ora kelakon

Pa :
Othok kowouk othok kowouk kembang rambutan
Ora mothok ora mothok dinggo rebutan
Maju tatu yen mundur kok tambah ujur
Pripun kepriben minta ampun ketiban amben

Lirik Mbah Dukun
Lirik Mbah Dukun

Lirik Mbah Dukun
Artis : Manthous

Permisi mbah kulo nuwun
Nopo mriki daleme mbah Mangun
Sing kondhang dados dukun
Mertombo mesti mantun
Gadhah putri namine Atun

Kula mriki mbah estu badhe pados jampi
Jampi wuyung sanes jampi wudun
Pripun mbah pripun
Mbah dhukun kersa paring pitulung
Keng putra Atun kados kulo nggih purun
mesthi enggal mantun

Permisi mbah simbah dhukun
terima kasih alias matur nuwun
sakit kula pun mantun
Diparingi Atun
Sak niki kersane kepripun

Kula niki mbah anake wong tani utun
Sugih beras sugih pantun
Pripun mbah pripun mbah dhukun
Ampun ngalamun
Dhuh adhuh adhuh pripun mbah niki tumbasanipun
Andhuk kalih sabun

Lirik Methuk
Lirik Methuk

Lirik Methuk
Artis : Manthous feat Titik Nurma

Cewek;
Janjine saguh methuk
Tiwas diadhang nganti ngantuk antuk
Kene le dandan mengkuk
Thingak-thinguk jebul ra dipethuk

Omongane nggedupuk
Tiwas digugu jebul ora gathuk
Alesane sak thekruk
Monthak manthuk samar yen diamuk

 Reff

Cowok;
Esuk methuk
Alah sore methuk
E ....... bola bali methuk
E ....... jebul ra tau entuk

Pring ori dinggo sulingan
Opo lali opo ra kelingan
Opo lali opo ra kelingan

Esuk dhele
Alah sore tempe
E ....... ojo sok leda-lede
E ....... ojo sok leda lede

Jas bukak ikete blangkon
Sama juga alah sami mawon
Sama juga alah sami mawon

Cewek;
Enting enting gulo jowo
Gulane  aren mas opo gulo klopo
Ling eling mbok rumangso
Ojo nganti agawe kuciwo

Musik

Cewek;
Janjine saguh methuk
Tiwas diadhang nganti ngantuk antuk
Kene le dandan mengkuk
Thingak-thinguk jebul ra dipethuk

Omongane nggedupuk
Tiwas digugu jebul ora gathuk
Alesane sak thekruk
Monthak manthuk samar yen diamuk

Reff

Cowok;
Esuk methuk
Alah sore methuk
E ....... bola bali methuk
E ....... jebul ra tau entuk

Pring ori dinggo sulingan
Opo lali opo ra kelingan
Opo lali opo ra kelingan

Esuk dhele
Alah sore tempe
E ....... ojo sok leda-lede
E ....... ojo sok leda lede

Jas bukak ikete blangkon
Sama juga alah sami mawon
Sama juga alah sami mawon

Cewek;
Enting enting gulo jowo
Gulane  aren mas opo gulo klopo
Ling eling mbok rumangso
Ojo nganti agawe kuciwo

Lirik Langgam Lego
Lirik Langgam Lego

Lirik Langgam Lego
Artis : Manthous

Lego rasaning ati
Kaleksanan kang dadi sedyaku
Wus suwe nggonku ngenteni
Mung sliramu kang tak impi-impi

Rino kelawan wengi
Tak sesuwun dungo lan pamuji
Wus dadi prasetying ati
Mugi-mugi Gusti paring idi

Tak geget pinggiring lathi
Opo tenan opo iki ngimpi
Eling-eling semono yen saben ketemu
Prengat prengut ra dadi kersane

Bebasan umpamane
Wong lumampah tur kasatan toyo
Tetesing katresnan jati

Lirik Kembang Kecubung
Lirik Kembang Kecubung

Lirik Kembang Kecubung
Artis : Manthous

Awite pisan ketemu
Jroning ati dona ora kuwowo
Ing sunareng netramu,
Gawe bingung rasaning atiku

Opo kang dadi sebabe
Rino wengi gandrung kapirangu
Amargo solah bawane
Biso gawe brantangen atiku

Wiwit iku atiku soyo ora karuan
Roso kapang jroning ati
Tansah kepingin pinanggih
Ibo bungahing atiku

Yen sliramu nedyo animbangi
Mbang cubung di ronce ronce
Kene bingung
Kunu ra piye piye

Wiwit iku atiku soyo ora karuan
Roso kapang jroning ati
Tansah kepingin pinanggih
Ibo bungahing atiku

Yen sliramu nedyo animbangi
Mbang cubung di ronce ronce
Kene bingung
Kunu ra piye piye

Lirik Ijo Ijo
Lirik Ijo Ijo

Lirik Ijo Ijo
Artis : Manthous

PI :
Jo ijo kembang kenongo
Kembang mlati putih rupane
Duwe bojo mas ojo sembrono
Nggo siji kanggo sak lawase

PA :
Putih putih dik kembang melati
Ijo ijo godhong meniran
Karepe munu dik yo mung yo mung yo mung siji
Yen dadi loro, aku kebetulan

Reff :
PI :
Jo ijo si manalagi
Manalagi legi rasane
Duwe bojo kudu sing gemati
Golek gawe bendino rine

PA :
Abang abang dik wedange jahe
Nggo wedangan dik karo morotuwo
Dadi wong lanang dik iku iku iku patrape
Kalah menang hi jarno wae

PI :
Tuku salak mas diwadahi panci
Salak sepet sekaline
Senadyan gelak mas nanging nanging nanging gemati
Tiwas ngider ra wani lungo

PA :
Nam kupat om janure wis tuwo blarak
Nang wonosari ojo sarungan..isis
Yen lepat kulo nyuwun ngapuro
Lelagon iki namung guyonan

Lirik Getun
Lirik Getun

Lirik Getun
Artis: Manthous

Getunku setahun
Ning ati gelo rasane kuciwo
Sithik-sithik mung ngalamun
Anelongso rino klawan wengi
Gumunku setahun yeng lagi bingung
Soyo tambah bingung
Iwak grameh pangan welut
Piye maneh wis bareng kebacut
Pripun kepriben

Minta ampun ketiban amben
Mboten purun lha nggih kajenge
Nambahi bingung
Jarene wong gethun
yen digeged mboten mantun mantun
Sinten sing purun kersane mantun
Ngge tombo ngalamun
Getunku nganti setahun
Ampun ampun trimah sakit wudun

reff :
Pripun kepriben

Minta ampun ketiban amben
Mboten purun lha nggih kajenge
Nambahi bingung
Jarene wong gethun
Yen digeged mboten mantun mantun
Sinten sing purun kersane mantun
Ngge tombo ngalamun
Getunku nganti setahun
Aduh ampun trimah sakit wudun

Lirik Eling Eling Emut
Lirik Eling Eling Emut

Lirik Eling Eling Emut
Artis : Manthous

Pa:
Emut eling emut emut
Raos pelem taksih pentil kok rodo kecut
Yahut jempolan nggih yahut
Lencir kuning alah-alh gawe sirah mumet

Pilih cendol nopo dawet yen dirasak-rasakke podho enake
Enak tur nganggo tenanan
Roso penak alah-alah malah dadi tuman

Nganti koyo manuk keno pulut
Kadhung tresno dikapak kapakke manut
Monggo monggo monggo monggo dilanjut
Cinta ini ojo ojo nganti mrucut

Pi:
Jaman lagi susah buat apa susah
Susah itu tiada gunanya
Jaman lagi susah buat apa susah
Susah itu tiada gunanya

Lirik Esemu
Lirik Esemmu

Lirik Esemu
Artis : Manthous

Suwe ora ketemu cah ayu gawe gandrunging atiku
Tak suwun rinten lan dalu pamujiku manggiha rahayu
La piye genah genahe ya gene tak antu-antu kabare
Ora esuk ora sore mung kelingan sak solah bawane

Nadyan mung krungu suwarane
Apa maneh yen nyawang eseme
Bebasan segara madu
Kalah manis sing manis pancen esemu

Ibo bungahing ati cah manis antuk nugrahaing Gusti
Nora mung jroning impenku bisa nyanding sliramu cah ayu